Èlmuwan ing babagan iki migunakaké metode ilmiah nalika nindakaké kajiané, yaiku formulasi hipotésa liwat observasi lan pangumpulan data ngenani fénoména alam sing diterusaké kanthi pangujian hipotésa-hipotésa mau. Ing èlmu bumi, peran data wigati banget kanggo nguji lan mbentuk siji hipotésa.
Géofisika nyinaoni sipat-sipat fisis bumi, kaya wangun bumi, réaksi marang gaya, sarta médhan potènsial bumi (médhan magnet lan gravitasi). Géofisika uga nylidhiki interior bumi kaya inti, mantèl bumi, lan kulit bumi sarta kandhutan-kandhutan alaminé.
Èlmu lemah nyinaoni lapisan paling njaba saka kulit bumi sing katut ing prosès pambentukan lemah (utawa pédosfèr). Dhisiplin èlmu utama antarané yaiku édafologi lan pédologi.
Oseanografi lan hidrologi nyinaoni pérangan banyu saka bumi (laut lan banyu tawar) utawa hidrosfèr. Sok-sok cabang èlmu iki digabungaké karo géofisika.
Interaksi kang dumadi antarané lapisan-lapisan bumi marakaké akèh cabang modhérn èlmu iki sing nyinaoni kanthi ngakokaké pendekatan interdisiplin. Contohné yaiku kanggo mahami sirkulasi laut, interaksi antarané laut, atmosfèr, lan ubengan bumi uga kudu dipétungaké.